Unggah-ungguhing
basa
Salebeting panggesangan
bebrayan menika mesthinipun mbutuhaken pambiyantunipun tiyang kriya. Mula
sampun limrah menawi awakipun piyambak kedah saged sesambungan kaliyan tiyang
sanes. Sarana ingkang dipunagem sesambungan inggih menika basa. Wonten ing basa
jawa dipuntepangaken unggah-ungguhing basa inggih menika basa ngoko lan krama.
Menawi para peputra guneman dhumateng sinten kemawon, kedah saged ngetrepaken
unggah-ungguhing basa kanthi trep.
Unggah-ungguhing basa
jawi wonten ing jaman modern kaperang dados 4, inggih menika:
1. Basa
ngoko
a. Ngoko
lugu
Ngoko
lugu inggih menika wujud basanipun ngoko sedaya. Basa menika dipungunakaken
dening
a) Tiyang
sepuh dhumateng anak putunipun utawi tiyang ingkang langkung enem
b) Dhumateng
tiyang ingkang sapadhan umuripun
c) Kangge
awakipun piyambak
b. Ngoko
alus
Ngoko
alus menika basa ngoko campuran krama inggil dhumateng tiyang ingkan dipunajak
guneman. Basa ngoko alus menika dipunginakaken dening
a) Tiyang
sepuh dhumateng tiyang enem ingkan langkung inggil drajatipun
b) Dhumateng
tiyang ingkang sami umuripun ananging dereng akrab sanget.
2. Basa
krama
a. Basa
krama lugu
Basa
krama menika wujud tembung-tembungipun krama sedaya. Dipunginakaken dening
a) Tiyang
ingkang nembe tepang
b) Tyang
sepuh dhumateng tiyang enem ingkang perlu dipunajeni
c) Tiyang
enem dhumateng tiyang sepuh
b. Basa
krama alus
Basa
krama alus menika basa ingkang ngajeni dhumateng tiyang ingkag dipunajak
guneman. Wujud basanipun krama kecampuran saking krama inggil. Dipunginakaken
dening
a) Tiyang
enem dhumateng tiyang sepuh
b) Micara
wonten ing tiyang kathah utawi pakempalan
c) Nyenyuwun
marang gusti
d) Anak
dhumateng tiyang sepuhipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar