Selasa, 02 Desember 2014

contoh soal untuk siswa SMP kelas VII

Mata Pelajaran          : Bahasa Jawa
Kelas                           : VII
Hari / tanggal             : Sabtu, 13 Juni  2014
Petunjuk Umum        :
  1. Berdo’alah sebelum mengerjakan soal!
  2. Tulislah identitas Anda pada lembar jawab yang telah tersedia!
  3. Bacalah setiap soal dengan teliti, sebelum Anda menjawabnya!
  4. Kerjakan semua soal dengan teliti pada lembar jawaban yang telah tersedia!
  5. Laporkan pada pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal kurang.
  6. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas!

I.              Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi menehi tanda ping (X) ing aksara a,b,c,d, utawa e ing lembar jawaban kang cumawis!

Wacan ing ngisor iki kanggo soal no 1-3
Anoman Obong
       Dewi Shinta wis kelakon diboyong Prabu Rahwana menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman kaputren. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Dasamuka wegah nyedhaki dheweke. Kanggo niaga kaslamatane, menyang ngendi bae Dewi Shinta tansah nggawa cundrik. Samangsa-mangsa Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep ngayut tuwuh. Ing taman kaputren mung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan mbujuk Dewi.
       Shinta supaya gelem mangan, Dewi Trijatha kang ayu lan solah tingkahe apik iku putrane Gunawan Wibisono adhine Prabu Rahwana. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sira. Sri Ramawijaya kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek saka kraton kethek Guwa Kiskendha andhahaneSugriwa. Anoman diutus Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
       Tekan kraton Alengka, Anoman njujug taman kaputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kahanane Dewi Shinta lan entuk sisik melik bab kahanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel.

1.      Anoman diutus Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tembung sisik melik nduweni teges....
a.       Panggonan
b.      Bebana/hadiah
c.       Kaendahan
d.      Katrangan
e.       Sumbangan
2.      Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk slira.
Tembung mati suduk slira nduweni teges....
a.       Mati obong
b.      Mati amarga ora mangan
c.       Mati kena geni
d.      Mati amarga nggayut tuwuh
e.       Mati amarga polahe dhewe
3.      Wacana ing ndhuwur awujud....
a.       Tembang
b.      Parikan
c.       Cangkriman
d.      Wangsalan
e.       Gancaran
4.      Ibu Guru           : “Geneya kowe wingi ora mangkat sekolah, Don?”
Doni                : “Amargi kula nembe mawon sakit, Bu.”
Gunemane Ibu Guru karo Doni ing ndhuwur isine ngenani babagan....
a.       Kegiatan ing ngumah
b.      Kabar kasarasan
c.       Nggarap tugas
d.      Wisata
e.       Ulangan
5.      Doni anggone matur marang Ibu guru migunakake basa....
a.       Basa krama                                                 d. Basa ngoko alus
b.      Basa ngoko                                                 e. Basa krama madya
c.       Basa madya
6.      Seno     : “Dhar, apa kowe wis krungu yen minggu ngarep ana bakti sosial?”
Dharma : “Durung. Lha arep bakti sosial nyang ndi, ta?”
Seno     : “para kanca supaya ngumpulake klambi bekas sing isih korup dinggo, ya..”
Kang nduweni usulan ngumpulakae klambi bekas yaiku....
a.       Seno                                                           d. Dharma
b.      Setya                                                          e. Wredha
c.       Budi
7.      Gunemane wong loro utawa luwih kanthi takon-tinakon diarani....
a.       Grunengan                                                  d. Wangsalan
b.      Gancaran                                                    e. Pacelathon
c.       Parikan
Geguritan ing ngisor iki kanggo soal no 8-10
KIDUNG KANGGO IBU
Dening : Gea Kistina
Ibu lilakna putramu ngumbara
Maguru ing samudra ilmu
Ngrubuhake gunung ngasatake samodra
Ngranggeh lintang ing wiyati
Ibu lilakna putramu ngumbara
Ngrasakake rekasaning urip
Ngregem donya ing ngastaku
Nyigar rembulan ing sakedheping netra
Sanajan kudu nyabrang samodra rob
Sanajan kudu nglumpati segara agni
Sanajan kudu njugrugake arga mas
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Nalika sang bagaskara wis angslup
Ing sawaliking gunung
Nalika hyang ratri
Wis ora ngegungake kekuwasane
Aku bakal bali ing pangkonmu ibu
Ibu wengi iki dakdhodhog korining atimu
Mangga bebarengan nyawang cumloroting teja
Ndandani urip ing tembe mburi
Sumungkem marang ibu pertiwi
8.      Sanajan kudu njugrugake arga mas
Tembung kang kacethak miring ing ndhuwur ateges....
a.       Ngilangake
b.      Ngenyatake
c.       Ngrubuhake
d.      Mbangun
e.       Nibakake
9.      Ing sawaliking gunung
Tembung kang kacethak kandel nduweni teges sing pada karo tembung....
a.       Indra
b.      Ardi
c.       Agni
d.      Bayu
e.       Siti
10.  Geguritan ing ndhuwur mau nyritakake baktine anak kanggo....
a.       Simbah
b.      Bapak
c.       Ibu
d.      Mbakyu
e.       Kangmas
11.  ꧎ꦐꦆꦸꦆꦘꦂꦄꦸꦈꦶꦇ᯻ꦆꦶꦍꦺꦁꦼ....

a.       ꧂ꦊꦶꦼꦺꦐꦻꦁꦙꦁꦶ
b.      ꦀꦺꦉꦼꦄ
c.       ꦓꦇꦚꦶꦁ
d.      ꦏꦌꦊꦀꦶꦆꦿ
e.       ꦏꦆꦃꦏꦿ
12.  Karepku manggon ngarep dhewe supaya krungu swara imame. Nanging kasunyatane malah dadi ilang khusu’e jalaran bocah-bocah cilik sing baris ana ing ngarepku, yen wayahe shalat padha guyon bae. Ana sing njejek kancane, ana sing  ngguyoni, malah ana sing playon barang.
Kadadean kang dumadi ing crita kuwi papane ana ing....
a.       Ngomah                                                                  d. Sekolahan
b.      Mesjid                                                                    e. Pasar
c.       Lapangan
13.  Crita pengalaman pribadi kuwi isine nyritakake pengalamane dhewe utawa wong liya lan anggone crita kadhasarake alure/plot. Merga saka kuwi crita pengalaman pribadi uga kalebu karangan....
a.       Karangan narasi
b.      Karangan deskripsi
c.       Karangan analogi
d.      Karangan eksposisi
e.       Karangan argumentasi
14.  Ing tatacara tilpun kang becik sawise matur kaperluane banjur....
a.         Nutup tilpun
b.        Salam panutup
c.         Gosip dhisik
d.        Aweh salam banjur ditutup tilpune
e.         Takon kabar
15.  Tias                   : “Mbak, kowe mudheng apa ora sing diomongake Pak Guru wingi?”
Mbak  Iis         : “Aja ngono ta, Ias. Yen karo Pak Guru iku sing bener sing dingendikakake, ora sing diomongake. Maksudmu masalah sing ngendi? Pak Guru sapa?”
Tias                 : “Iku lho Mbak, Pak Guru Basa Jawa sing jenenge Pak Aris.”
Mbak Iis          : “Oh iku, ta Ias. Asmane Pak Aris, dudu jenenge. Karo priyayi sepuh kudu ngajeni lan nggunakake basa kang becik lan pas. Yen Pak Aris wingi ngendika masalah basa krama ing sekolah nalika maringi sambutan ing upacara. Dadi siswa kudu kulina nggunakake basa krama ing sekolah. Mangkono kang dingendikake Pak Aris Munandar.”
  
Manut pachelaton ing ndhuwur, pak guru sing ditekokake Tias marang Mbak Iis asmane yaiku....
a.       Pak Aris
b.      Pak Budi
c.       Pak Andi
d.      Pak Joko
e.       Pak Dwi
          16.    Basane iklan kuwi kudu....
a.       angel dingerteni
b.      njlimet lan angel
c.       gampang dingerteni
d.      dawa lan angel dingerteni
e.       cekak lan gampang dingerteni
17.  Pranyatan ing ngisor iki kang ora kalebu syarate iklan kang becik yaiku....
a.       nyenengake ati
b.      narik kawigaten
c.       ukarane cekak aos
d.      ukarane dawa banget
e.       prasaja
18.  ꧎ꦃꦇꦺꦁꦉꦷꦐꦶ....
a.       ꦌꦏꦸ
b.      ꦌꦷꦃꦸꦄ
c.       ꦐꦸꦉ
d.      ꦀꦇꦷꦏ
e.       ꦇꦉꦄ
19.  ꧎ꦏꦽꦺꦄꦻꦁꦾꦉꦐꦶꦺꦀꦻꦉꦾꦺꦀꦻꦉꦾ꧌

Tulisan jawa kasebut yen ditulis latin wujude....
a.       Marko lagi olah-olah
b.      Marko lagi olah
c.       Markonah lagi olah-olah
d.      Markonah lagi olah
e.       Mar ko lagi olah-olah
Wacan ing ngisor iki kanggo soal no 20-21
Kancil Nyolong Timun
             Kacarita, ana Kancil sanga ing sawahe Pak Tani kang akeh wit timun, mangerteni wit timun kang akeh, atine kancil kasengsem, nuli duweni niyat kang ala., yaiku nyolong timun kasebut.
             Salah sijine dina, Kancil menyang sawahe Pak Tani mau. Kancil terus bae mangani timun sawarege, kancil bali kanthi ati kang marem. Esuke, Kancil menyang sawah maneh lan mangani timune Pak Tani.
             Atine Pak Tani jengkel terus dipasangi perangkap wusana Kancil bisa kacekel Pak Tani lan digawa bali, nuli dikurungi.
20.  Kadadean kuwi ana ing....
a.       Omah                                                                d. Kebon
b.      Kali                                                                   e. Dalan
c.       Sawah
21.  Manut crita ing ndhuwur mau sing nyolong timune Pak Tani yaiku....
a.       Kancil                                                               d. Ayam
b.      Tikus                                                                 e. Anake Pak Tani
c.       Kucing
22.  Wong sing kulina njupuk barange wong liya tanpa ngomong sing duwe diarani....
a.       Dawa ususe
b.      Gedhe sirahe
c.       Lunyu ilate
d.      Dawa tangane
e.       Gedhe atine
23.  Rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude diarani....
a.       Cangkriman
b.      Camboran
c.       Gancarang
d.      Wangsalan
e.       Pawathon
24.  Pitik walik saba kebon
Batangane saka cangkriman ing ndhuwur yaiku....
a.       Pitik
b.      Kok
c.       Sulak
d.      Nanas
e.       Ayam
25.  Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu sregep
Unen-unen ing ndhuwur kuwi kasebut....
a.       Parikan
b.      Cangkriman
c.       Saloka
d.      Sesanti
e.       Wangsalan

     II.           Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!
1.      Gawea crita pangalaman pribadhimu sing kok anggep paling nyenengake!
2.      Gawea wara-wara kang ana gegayutane karo pengetan ambal warsa sekolahmu!
3.      ꧎ꦀꦅꦶꦐꦼ꧋ꦀꦅꦶꦐꦸꦼ꧋ꦀꦅꦶꦐꦸꦁ꧌

Owahana ukara ing ndhuwur dadi aksara latin!
4.      Gawea pacelathon manut kahanan ing ngisor iki:
Ani njaluk dhuwit marang Ibune kanggo mbayar study tour menyang Jakarta!
5.      Aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa.
Owahana ukara ing ndhuwur kanthi nganggo aksara jawa!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar