Sabtu, 20 Desember 2014

Serat Wulangreh pupuh Duduk Wuluh


DUDUK WULUH
01
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu
mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun purut sapakon.
02
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib
den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong.
03
Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng
Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04
Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya aja ngabdi, angur ngidunga
karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
05
Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora nana kang ngiri, mungkul tutug
karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba lurahe nganggo.
06
Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng patrol pinggir margi,lamun nora
patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
07
Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda
tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris,andhodhok pinggiring bango.
08
Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono
ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.
09
Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguhlungguhipun,
nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi katong.
10
Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku,
lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane pan seyos.
11
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri lawan miji, panglaweyan miwah
pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.
12
Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang amarengi, wiyosanira sang Prabu,
sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
13
Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den incih, lamun nora
yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.
14
Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus
rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing lair batos.
15
Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani karseng Gusti, wong ngawula
paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah sapakon.
16
Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok
anguring uring, Gusti nira inggih Sang Katong.
17
Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta
sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan tan kena megoh.
18
Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene kang wus pasti, tan kena owah
sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur sapakon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar