G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur
polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh
pan dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur, barang polah
ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur
ingkang sayektos.
03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku
tiniru, nadyan melu saking wong sudra
papeki, lamun becik wurukipun, iku
pantes sira anggo.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang
adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku, telu pisan mati
samyoh.
05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat
lumpatipun, pan si gajah angendelken
gung ainggil, ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira
iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku
ambeke wong digung, ing wasana dadi
asor.
07
Ambek digang puniku, angungasaken
kasuranipun, para tantang candala
anyenyampahi, tinemenan boya purun,
satemah dadi geguyon.
08
Ing wong urip puniku, aja nganggo
ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh
ngatiati, den kawang-kawang barang
laku, den waskitha solahing wong.
09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing
panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula
ing patinipun, ngedelken upase mandos.
10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan
dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung,
wekasane kajalomprong.
11
Kumprung wong pengung bingung,
wekasane lali nora eling, yen den gunggung
katone muncu-muncu, wong pengung saya
dadi, kaya wudun meh mencothot.
12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele
iku pamrihipun, mung warege
wadhuke klimising lathi, lan telese
gondhangipun, rerubo alaning uwong.
13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe
nuli gawe umuk, kang wong akeh kang
sinuprih padha wedi, amasti tanpa
pisungsung, adol sanggap sakehing wong.
14
Yen wong mangkono iku, nora pantes
pedhak lan wong agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana
pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.
15
Aja kakehan sanggup, durung weruh
tuture agupruk, tutur nempil panganggepe
wruh pribadi, pangrasane keh wong
nggunggung, kang wus weruh amelengos.
16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang
mangkono iku, nora wurung cinirenen den
titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana
kang pitados
Tidak ada komentar:
Posting Komentar