K
I N A N T H I
01
Mangka
kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi
weryaning
dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma
den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya,
pandak-panduking
pambudi,
bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe
sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe
mingismingis,
pasah
wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene
awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil
rina
wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa
sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape
pribadi,
marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna
semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik,
pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa
mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun
ngati-ati,
urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane
wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti
karendet
ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah
bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani
ing
kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke
yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita
luwih, kaluwihane tan
ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung
ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise
gatik, apa
pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang
aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora
jail, tan
njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi
luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan
bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang
nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala
angemori, mung
ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating
wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb
kang Maha Suci,
cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono
ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki
ujaring janmi,
pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad
tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa
dhiri, ora yen
ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta
kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono
kaki, yekti tuna ing tumitah, poma
kaestokna kaki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar