Kamis, 18 Desember 2014

Sesorah


Sesorah
Sesorah inggih menika micara wonten ing sangajenging tiyang kathah kanthi ngandharaken idhe utawi pokok pikiran. Maos sesorah ingkang leres menika kedah sora, cetha lan pas(pocapan, mandheg wonten ing titik, koma lan tandha wacan sanesipun). Ancasipun supados ingkang sami mireng saged nampa (informasi) kanthi becik.
a.       Paugeranipun tiyang nindakaken sesorah, inggih menika:
1.      Nguwasani basa ingkang becik lan gancar
2.      Anggadhahi daya nalar
3.      Anggadhahi kawanen
4.      Sanggup ngandharaken gagasan
5.      Saged nglaras manut swasana
6.      Sikepipun prasaja boten tidha-tidha ing sangajenging tiyag kathah
b.      Caranipun sesorah
Caranipun sesorah menika wonten 4, inggih menika:
1.      Kanthi maca sawutuhe
Kanthi maca sawutuhe inggih menika kanthi maca apa anane sesorah ingkang sampun tinulis, cara menika limrahipun dipuntindakaken dening punggawa (pegawai Negara). Kajaba isinipun kedah saged disesanggan, layangipun perlu disimpen
2.      Kanthi apalan
Kanthi apalan inggih menika ngandharaken sesorah kanthi ngapaken sesorah ingkang sampun tinulis. Sesorah menika lumrahipun katindakaken dening tiyang ingkang dereng kulina (biasa), utawi tiyang ingkang taksih gladhen
3.      Kanthi pandonm lajer
Kanthi pandom lajer inggih menika ngandharaken sesorah kanthi lajering gagasan ingkang perlu dipunadharaken. Lajering gagasan cekap ditulis jroning sacuwlan kertas kaya dene “kartu nama”, gagasan sawutuhe dielar nalikane sesorah. Cara menika kantindhakaken dening tiyang ingkang kulina lan jembar kawruhe.
4.      Kanthi cara dadakan
Katindakaken kanthi dadakan wonten ing sawijining adicara. Mesthinipun tiyang menika dereng cecawis gagasan ingkang perlu dipunadharaken. Kaleksananipun kanthi gancar gumantung pengalamanipun, wawasanipun lan seserepaipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar