Kamis, 18 Desember 2014

Tigas Kuncung


TIGAS KUNCUNG
Amrih Suci Lair Batine
Sadurunge ing bumi ana kewan lan manungsa, sing aa dhisik tanduran. Merga tanduran ora ana sing mangan banjur  ana kewan. Merga ora ana sing ngopeni banjur ana manungsa (maksude Adam lan Hawa sing didhunake menyang bumi dening Gusti Allah).
                Perlu kawuningan, sawise Gusti Allah nyiptakake Adam saka lemah banjur nyiptakake Hawa saka balung igane Adam. Nanging merga dening iblis dituduhi woh kuldi, Adam lan Hawa banjur didhunake menyang bumi. Kamangka wektu iku Gusti Allah uga wis dhawuh marang Adam lan Hawa, “kowe aja nyedhaki wit iku!”. Mula nalika Adam lan Hawa mudhun ing bumi uga banjur didhawuhi maneh dening Gusti Allah, “Yen kowe manut karo dhawuh-dhawuhku kabeh bakal bali menyang swarga. Lha yen kowe manut karo omongane iblis bakal tetep awor iblis.”
Manungsa ing alam donya iku ibarate kaya barang anyar sing kegodha. Merga yen durung ditebus edih tetep awor karo iblis. Mula saka iku, bayi kang umur pitung dina banjur diacarani upacara adattigas kuncung kanthi pangajab panyuwune si jabang bayi bakal didohi dening iblis lan dichedakki dening Gusti Allah. Dene tatacrane kajumbuhake karo swasana adat ing saben panggonan. Samono uga ing dhaerah liya, kalebu ing laladan Kabupaten Tulungagung. Mula ing saben desa utawa kecamatan siji lan sijine banjur ora padha. Nanging sing baku, tumrap wong jawa yen nganakake upacara tigas kuncung mesthi nalika putrane isih umur pitung ndina. Geneya umur pitung ndina? Sebab, pitu ngemu teges pitulungan. Contone kaya nalika putrane Pak Budi kang pinaringan asma Laras Gayatri Febiora umur pitung ndina, uga dikantheni upacara adat tigas kuncung.
Dina iku watara jam 6 sore, omahe salah sawijining warga Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung ora kaya biasane. Sore iku kebak wong wiwit bapak-bapak nganti mbah-mbah. Saka jero omah krungu swara genjring. “Anakku Budi nindhakake tigas kuncung putrane sing angka telu, supaya suci lair batine si jabang bayi. Dheweke nganut adat Jawa, kaya simbah-simbah dhisik,” kandhane mbah Narji kang isih kapernah Pak Like.
Lumaksanane upacara, lumaku kanthi rancag lan tertib. Sadurunge tekanmpuncake upacara, kanthi nigas kuncunge si jabang bayi digendhong dening ramane. Sawise ditigas kuncunge banjur diubengake, Pak Budi nindakake adicara tgas kuncung, mbuwang sukerta, kejaba dikethok kuncunge amrih suci lair batine uga disemproti minyak wangi. Rambut kethokan kuncung mau banjur diseleh ana baki  isi beras kuning. Minya wangi ngemu tegese supaya arum jenenge. Dene beras kuning ngemu teges si jabang bayi supaya mulya uripe. Sawise nigas kuncung putrane, Pak Budi antuk motivasi bumi reh sadarum lan ngucapake prasetya.
Dene sesajine upacara adat tigas kuncung yaiku dibelehake wedhus lan diboroki. Mbeleh wedhus minangka wujud syukur, mula sawise diolah banjur diundhangake tangga teparo. Dene diboroki, ing pangajab nyuwun berkah marang Gusti Allah wujude ambegan sekul wutuh diwenehi kulupan, lan gedhang setangkep.
Gedhang setangkep kanggo ngaweruhi panutan tiyang estri kang dimaksud yaiku ibune si jabang bayi. Nalika si jabang bayi durung lair, anggone tapa ana guwa garbane si ibu suwene ana sangang sasi. Mula ya wis samesthine yen banjur dingaweruhi.
Menurut pamawase mbah Narji, upacara adat Tigas Kuncung bayi dianakake esuk utawa sore sah-sah bae, “kan sing dijupuk iku unsur murih praktise. Iki prastawa budaya. Mula aja dicampur aduk karo dogma,” komentare sesepuh desa.
Miturut sesepuh desa ik, masyarakat saiki wis saya sadhar bali marang akar budayane. Buktine, masyarakat akeh kang nglaksanakake upacara adat tigas kuncung marang putrane. Tujuwane babar pisan ora ana unsur politis. Nanging supaya tansah manggih rahayu, slamet sateruse. “Upacara adat tigas kuncung minangkaalat kanggho mulat sarira hangrasa wani, pinanti kaggo ngasah dhiri pribadi,” kandhane.
(Kopral Soelarmi)
Panjebar Semangat No. 39 – 27 September 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar