P A N G K U R
01
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan
kang kanggo ing wong urip, ala lan becik
puniku, prayoga kawruhana, adat waton
puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata
krama, den kaesthi siyang ratri.
02
Deduga lawan prayoga, myang watara
reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan
kena tininggala, tangi lungguh angadeg
tuwin lumaku angucap meneng myang
nendra, duga-duga aja kari.
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara
gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun,
kanggo sadina-dina, rina wengi neng
praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha
ambekan, papat iku aja lali.
04
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing
duga lan prayogi, iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah, degsura
ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhakpedhak
nora wurung neniwasi.
05
Pan wus watake manungsa, pan ketemu
ing laku lawan linggih, solah muna
mininipun, pan dadi panengeran ingkang
pinter kang podho miwah kang luhung,
kang sugih lan kang melarat, tanapi
manungsa singgih
06
Tinitik solah muna, lawan malih ing
laku lawan linggih, iku panengeranipun,
winawas ginrotan, pramilane ing wong
kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma,
datan amindho gaweni.
07
Ginulang sadina-dina, wewekane ing
basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun,
sumungah lan sesongaran, mung sumendhe
sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik
kang rineksa, kautaman ulah wadi.
08
Ing masa mengko pan nora, kang katemu
laku basa basuki, ingkang lumrah wong
puniku, dhengki srei lan dora, iren
meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan
prasaja, jail mutakil basiwit.
09
Alaning liyan den andhar, ing becike
liya kang den simpeni, becike dhewe
ginunggung, kinarya pasamuan, tan
rumasa alane dhewe ngandhukur, wong
mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.
10
Iku wong durbala murka, nora nana
mareme jroning ati, sabarang karepanipun,
sanadyan wus katekan, arep maneh nora
marem saya mbanjur, luwamah lawan
amarah, iku kang den tuti wuri.
11
Ing sabarang solah tingkah, ing
pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor
ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing
sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana
kang madhanana, angrasa luhur pribadi.
12
Aja nedya katempelan, watek ingkang
tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa, dipun sami
anglabuhi kang apatut, parapan dadi
tuladha, tinula mring wong kang becik.
13
Aja lunyu lumur genjah, angrong
prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit
puniku, watak kang tan raharja, pan
wong lunyu nora kena dipun enut, monyarmanyir
tan antepan, dela lemeran puniku.
14
Para panginan tegesnya, genjah iku
cecegan barang kardi, angrong prasanak
liripun, karem ulah miruda, mring
rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak
prasanakan, sok senenga dan ramuhi.
15
Nyumur guling punika, ambelawah datan
duwe wewadi, nora kene rubung-rubung,
wadine kang den urap, mbuntut arit
punika pracekanipun, apener neng
pangarepan, nggarretel dumunung wuri.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung
mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut,
aja nedya anelad, ing wateke kangnem
prakoro punika, kang sayogya ngupayoa,
anglir mastimbul ing warih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar