Kamis, 18 Desember 2014

Parikan


Parikan
Parikan yaiku unen-unen ingkang kadadeyane ngginakaken purwakanthi guru swara. Saben saukara kadadeyane saka rong gatra, saben sagatrane isi 4 wanda/8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka (purwaka) lan ukara kapindho menika wase utawa isine (maksude) kang dadi bukune.
            Dene gunane pembuka menika namung diaggo narik kawigaten tiyang ingkang guneman, supados nggatekake marang isine ingkang bakal diucapaken wonten ing ukara kapindho.
Miturut cacahing wanda, parikan menika kaperang dados 3, inggih menika:
a.       Parikan ingkang kadadeyane saking (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha:
-          Tawon madu, ngisep sekar
Calon mantu, kedah sabar
-          Wajik kletik, gula jawa
Kalah dhisik, ora papa
b.      Parikan ingkang kadadeyan saking (4 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
-          Cengkir wungu, wungune ketiban daru
Watak guru, kudu sabar momot mengku
-          Sarung elek gak becik dibunteli mori
Wurung nyalek, gak apik yen bunuh diri
c.       Parikan ingkang kadadeyan saking (8 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
-          Ara-ara pinggir ori
Pari ketan ditapeni
-          Ora ngiro yen asari
Demenan marang surani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar