K I N A N T H I
01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita
amrih lantip, aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi pesunen
sariranira, sudanen dhahar lan guling.
02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan
guling, lawan ojo sukan-sukan,
anganggowa sawatawis, ala watake wong
suka, nyuda prayitnaning batin.
03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira
gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala,
kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah
anenulari.
04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane
becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil,
yen pantes raketana, darapon mundhak
kang budi.
05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut
marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep
akeh durjana, tan wurung bisa anjuti,
yen kang ngadhep akeh bongsa, nora
wurung dadi maling.
06
Sanadyan nora melu, pasti wruh
lakuning maling, kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki, sok weruha gelis
bisa, yeku panuntuning iblis.
07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus
den lakoni, angel yen durung linakwan,
aras-arasen nglakoni, tur iku den
lakonana, mufa’ati badanneki.
08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo
ing masa iki, andhap asor dipun bucal,
unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk
kang den gulang, kumenthus lengus
kumaki.
09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat
sarta edir, iku lambanging waong ala, nomnoman
adoh wong becik, emoh angrungu carita,
kang ala miwah kang becik.
10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala
lan becik, tindak bener lan becik, tindak
bener lan kang salah, kalebu jro
caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den
kawruhi.
11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang
taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang
sugih kojah ugi, kojah iku
warna-warna, ana ala ana becik.
12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa
kang remit, ingkang ala singgahana, aja
niat anglakoni, lan den awas wong kang
kojah, ing lair masa puniki.
13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den
sampar pakolih, amung badane
priyangga, kang den pakolihaken ugi,
panastene kang den umbar, nora nganggo
sawatawis
14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun
pribadhi, aja ana amemedha, angrasa
pinter ngluwihi, iku setan
nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.
15
Singakna den kaya asu, yen wong kang
mangkono ugi, dahwen open nora layak,
yen sira sadhinga linggih, nora wurung
katularan, becik singkiorana kaki.
16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca
layang iki, lan den wedi mring wong
tuwa, ing lair prapto ing batin,
saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang
becik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar