Sabtu, 20 Desember 2014

Tanggap Wacana

Tanggap Wacana
Tanggap wacaa inggih menika salah sawijining kagiyatan micara wonten ing sangajenging tiyag kathah. Wonten ing tanggap wacana menika prelu dipun gatekaken bab tata basa, pamilihing tembung ingkang lumrah lan laras kaliyan kahanan.
a.       Bab-bab ingkang kedah dipun gatekaken wonten ing tanggap wacana inggih menika:
1.      Saged ngetrepaken babagan tatabasa lan subasita sajroning atur tanggap wara
2.      Migunakaken tembung-tembung ingkang lumrah, boten rucah.
3.      Boten nyahak dhumateng paraga sanes
4.      Ngomonge nganggo waton, ora waton ngomong
b.      Bab-bab ingkang dipun gatekaken wektu mirengaken sambutan utawi tanggap wacana
1.      Mirengaken lan nyatet ide pokok pidhato
2.      Ndamel dudutan (ringkesan)
c.       Peranganing Tanggap Wacana inggig menika:
1.      Salam pambuka
Salam pambuka menika werna-werna gumantung kaliyan situasi lan kondisi uga sinten ingkang dipun adhepi.
2.      Purwakaning atur
Inggih menika matur nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun paringi wekdalipun rawuh dhateng adicara
3.      Surasa
Inggih menika prekara ingkang badhe dipun buka
4.      Pangarep-arep
Pangarep-arep inggih menika pituduh ingkang dipunbabaraken dhumateng para rawuh
5.      Wusana
Wusana inggih menika atur panuwun sarta nyuwun agunging pangapura menawi wonten kalepatanipun lan kekirangan anggenipun micara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar