P
A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring
ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
kidung,
sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa,
agama ageming aji.
02
Jinejer
ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun,
yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu
karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu,
uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun
samudana,
sesadoning adu manis .
04
Si
pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur,
kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang
sipingging.
05
Mangkono ilmu
kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran
cubluk, sukeng
tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan
sadina dina,
aja mangkono wong urip.
06
Uripa sapisan
rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing
maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha,
prandene paksa
kumaki.
07
Kikisane mung
sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah
iya ingkang
rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggonanggon
agama suci.
08
Socaning
jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah
sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku
kaki.
09
Kekerane ngelmu
karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk ing
jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane
mbalenjani.
10
Marma ing
sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira. Ana
uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
siang ratri.
11
Iku kaki
takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
muda sudra
kaki.
12
Sapantuk
wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut,
kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
sepi hawa, awas
roroning ngatunggil.
13
Tan samar
pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning
waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati
14
Sajatine
kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung,
tan
karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar