S
I N O M
01
Nulada
laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan
Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi
ing
siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane
pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala
kalaning
asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa
pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben
nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana
pranaweng
kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman,
neng
tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan
wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan
segegem
dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh
nggegana,
umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat
denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban
saben
sepi,
sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta,
supangate
teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine
abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu
budi,
dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng
mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani
tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing
Senapati,
pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin, sayektine tan
bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun
tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha kang den
karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe
umbag, saben
saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel
sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora
mikani,
katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone
dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira
paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah,
wateke tak
betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki
pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak
ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono
mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae tan
ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk
maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru
anggering kaji,
sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak
ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang
asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir
kiyamat saben hari,
bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita,
rehne ta suta
priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib
suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan
wajibing urip,
lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng
semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang
tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta,
tri winasis,
kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong
jati
aking, temah
papa papariman ngulandara.
16
Kang wus
waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok
tanpa
aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring
jaman,
angelangut tanpa tepi, yeku aran
tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono
janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah
amemasuh
budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing
sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing
jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan
den
lakoni,
banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar