DUDU
IMPEN
Wis dadi pakulinan,
wiwit ditinggal mbokene
kerja marang Malaysia dadi TKI, Supri kudu tangi gasik masak kanggo simbah,
bapak, lan adine Parto. Parto sing esih sekolah nang SD iku yen di kon mbakyune
ngersiki manut wae. Pancen mbakyune sing ngatur sakabehane.
Sawise pada ngresiki omah banjur adus merga wayahe mangkat
sekolah, sawise adus lan sarapan
bocah loro Supri
karo Parto siap-siap kanggo
mangkat sekolah. Supri sekolah neng SMP
Negeri kelas telu. Sekolahane adohe kira-kira
telung kilo saka omah. Bocah
loro kuwe mangkat bareng
saben dina goncengan nganggo pit. Ning baline dhewek-dhewek karo kanca-kancane. Mbokne
Supri karo Parto
wis patang taun kerja dadi
TKI bareng tangga-tanggane.
Sing kerja nang Malaysia rata-rata photolan saking
SMA utawi SMK kanthi ndaftare resmi lewat pemerintah. Kasunyatane Supri bisa nglanjutake sekolah
ing SMA Negeri merga saka asile
kerja mboke. Ningsih, mbokne
Supri karo Parto gemiyen dijodohkna daning wong tuane. Mergane mbokne Karto
karo Ningsih tangganan. Istilahe wong desa kuwi pek ngga. Wong tua mbiyen
pancen kaya ngono,
yen padha-padha cocok banjur njodohke anak. Karto lan Ningsih padha-padha anak
ijen.
Ningsih urip ana ing keluarga sederhana, seje karo
Karto kang anake pegawe kang olih pensiunan. Senajan anake wong apa anane
Ningsih ora kakehen ngresula, senajan anak ijen Ningsih dadi bocah kang sregep, pinter,
lan jujur. Nanging amargi wong tuane ora mampu ningsih sekolahe nyempe SMA.
Ningsih namung
bisa nyalurake keterampilan
kang sregep kanggo nyambut gawe, ndilalah olih majikan sing apik dadi betah.
Karto iku bocah kang alemane ora ketulungan, kadiren
anak ijen banjur apa bae
kudune dituruti. Karto karo Ningsih
kuwi kaya dene bumi karo langit. Nanging wong sakloronan kuwi dadi siji dening sekarepane wong tuane.
Ing sawijining dina mbokne Ningsih nilar donya merga
pancen wis gerah. Wiwit rong taun kapungkur durung mari-mari. Lumrah sing arane
wong tua ndilalah ana bae penyakite senadyan kang dikarepake kabeh-kebeh iku
waras. Sapeninggalane mbokne Ningsih
omah muing ana wong telu, Ningsih, Karto, lan Supri kang isih umur lima taun, amargi Ningsih lagi
ngandut adhine Supri
lajeng kabeh
diboyong ana ing omah mbok Ijah suapaya Ningsih ana sing ngrewangi.
Wengi-wengi Ningsih krasan wetenge lara banget
banjur gembor-gembor tujune ana sing nulungi. Mbok Ijah nyedaki Ningsih jebul
Ningsih arep mbabarake. Banjur Ningsih digawa ing bidan kang omahe ora adoh
saka desane. Ora sawetara suwe jebul Ningsih wis nglairake bayi lanang. Si
jabang bayi anggone nangis
namung sedhela. Mak Ijah
uga bingung merga
anake, si Karto durung mulih.
Esukke Ningsih wis bisa digawa mulih. Anggone tekan omah,
Ningsih bingung kok ana wong rerubungan ana ing njaba omah. Salah siji tangga
ana kang wani nyedaki
Ningsih kang isih repot nggendong bayi. Sutarjo sakjane ora pati tega olehe
ngomong kabar kang digawa lan arep disampeke. Barang Ningsih mlebu omah ana
wong lanang nggletak kang ujude ditutupi jarit. Atine Ningsih keronta-ronta.
Bingung sajake ana apa kang nimpa kaluwargane. Sing mburi Mbok Ijah nggembor
karo nangis banjur ngrungkepi wong kang nggletak wau. Ningsuh kamitenggengen weruh kahanan
kang ana ing ngarepe. Barang jarit iku dibuka jebul wujude Karto kang wis ora
ana nyawane. Ningsih banjur semaput, bayi kang wau digendong melu tiba, bejane
langsung ditampani
wong kang ana ngiringane.
Barang wis sadar Ningsih mung bisa nangis nyawang
kahanan iku, mbayangake anak-anake kang isih cilik wis dadi anak yatim. Ningsih
nangis sabanter-bantere. Supri kang isih cilik uga mung bisa nangis weruh
mbokne nangis kang ora kena ditulungi. Ora suwe wong sing ditugasi kanggo
ngadusi mayit ngabarake yen mayite Karto arep diadusi. Ningsih banjur melu
digandeng dening tangga kang ngancani lan nenangake atine Ningsih. Sawise diadusi
lan disholati banjur Karto digawa maring omah terakhire. Ningsih ora melu pemakaman merga sibayi
ora kena ditinggal.
Limang latun kapungkur, bayi lanang kang ditingal
bapake iku kaaran
Parto, wis bisa dolan-dolan dhewek. Supri saiki kelas lima SD. Mau esuk Ningsih
ana sing ngejak kerja marang Malaysia. Sapeninggalane Karto, Ningsih namung dagang gorengan
keliling. Ndillaha ana sing ngejak kerja marang Malaysia kang upahe gede, kena kanggo
nguripi anake. Sajake Ningsih duwe kepenginan nyekolahake anake tekan perguruan
tinggi, dipikir-pikir yen kerja nang malaysia lan upahe bisa ditabung kanggo
sekolahe Supri lan Parto.
Ningsih olih pangestu saka mbok Ijah lan nitipake
Supri lan Parto, yen Ningsih
nang Malaysia. Ningsih mangkat tes marang pemerintah kanggo ndaftar dadi TKI.
Ora dinyana Ningsih ketampa
lan minggu ngarep wis mangkat Malaysia. Ningsih mulih ngabari mbokne lan anak-anake, sakjane Ningsih oratega
ninggalake Supri lan Parto, nanging merga kepenginane nyekolahake anak, dadi Ningsih nguwat-nguwatake
atine kanggo ninggal mbokne lan anak loro.
Telung taun lawase Supri, Parto lan mbok Ijah ditinggal
Ningsih. Supri lan Parto dadi bocah
kang dipuja-puji warga merga seneng wein pitulungan karo sapa bae. Dheweke uga pinter
sakabehane. Mangka
lumrah yen wong-wong kang cedhak karo deweke pada seneng.
Ngelingi anak-anake sing padha ning omah padha maju
sinaune merga saka prihatin lan pandongane wong tua. Ngelingi Supri arep
ujian kelas telu, Ningsih kepengin mulih mung ya kabeneran
Ningsih olih cuti. Ningsih wektu cutine dereng tepat kanggo ndampingi Supri ujian, Ningsih
mung bisa bali nalika Supri lulusan.
Pancen samubarang kuwi yen ora dipikir-pikir. Malah ora dadi beban
penalaran. Kaya dhene Supri
ora mikir mulihe mbokne, ing wayah sore, nalika Supri lagi siram-siram latar. Ndadak ana
taxi mlebu ing pekarangan
banjur mandeg greg neng latar. Bareng
ngematake sing metu taxi mau kuwi mbokne Supri banjur gemboran “Mbok Ijahh...”
gembore Supri “ana apa ta, nduk… gembar gembor kaya
wong kemalingan” ngendhikane
mbok Ijah karo
masang rasa kuwatir. “ gilo.. mbokne mulih”. Sing ana njero benjur metu, gapyuk bareng karo wong
sing lagi tekan. “mbokne. Aku ngimpi apa ora, ta?” jare Parto. “ora, nang.. iki dudu impen”.
Kandhane Ningsih karo mrebes mili.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar