DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka
aniru Pujangga, dahat muda ing batine.
Nanging kedah ginunggung, datan wruh
yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur, turur kang
katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih
padanging sasmita.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh
yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun
udani, tur durung wruh ing rasa, rasa
kang satuhu, rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing
kauripanira.
03
Jroning Quran nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan
tuduhe, nora kena den awur, ing
satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan,
tedah sasar susur, yen sira ajun
waskita, sampurnane ing badanira, sira
anggugurua.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik
martabate, sarta kang wruh ing chukum,
kang ngibadah lan kang wirangi, sokur
oleh wong tapa, ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan, iku pantes
sira guronana kaki, sartane kawruhana.
05
Lamun ana wong micara kaki, tan
mupakat ing patang prakara, aja sira age-age,
anganggep nyatanipun, saringana dipun
baresih, limbangen lan kang patang :
prakara rumuhun, dalil qadis lan
ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang
mupakat.
06
Ana uga den antepi, yen ucul saka
patang prakara, nora enak legetane, tan
wurung tinggal wektu, panganggepe wus
angengkoki, aja kudu sembah Hajang,
wus salat kateng-sun, banjure mbuwang
sarengat, batal haram nora nganggo den
rawati, bubrah sakehing tata.
07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang
pantes kena ginuronan, akeh wong jaya
ngelmune, lan arang ingkang manut, yen
wong ngelmu ingkang netepi, ing
panggawening sarak, den arani luput,
nanging ta asesenengan, nora kena den wor
kakarepaneki, pancene prijangga.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik
karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman
kuna mapan si murid, ingkang pada
ngupaya, kudu angguguru, ing mengko
iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya
murid, dadiya kantira.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar