Minggu, 21 Desember 2014

Pengertian Gurit


Geguritan
Tembung geguritan utawa guritan tegesipun : nyipta tembang utawa kidung utawa rerepan. Wonten ing kasusatran jawi saben geguritan menika anggadhahi teges gancaran (parafrase). Tembung menika mula bukane katemokake ana ing salah sawijining puisi Jawa Tradisional.
Geguritan tradisional menika wonten aturanipun, inggih menika:
1.      Cacah gatranipun boten ajeg, padatanipun 4 gatra
2.      Cacah wandane gatra siji lan sijine ajeg padha akehe
3.      Dhong-dhing swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut, yaiku nganggo paurwa kathi guru swara.
4.      Sangarepe reriptan ana kang diarani bebuka “sun gegurit”

Serat Wedhatama pupuh Kinanthi


K I N A N T H I
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi
weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking
pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingismingis,
pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil
rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape
pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun
ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti
karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani
ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita
luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise
gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora
jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala
angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb
kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki
ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa
dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono
kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

Serat Wedhatama pupuh Gambuh


G A M B U H
01
Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang
wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken
anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon
wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku
batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah
antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh
utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.
14
Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,
Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit
nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad
cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine
yen tan emut, sayekti tan bisa awor.
20
Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku
neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing
dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.
25
Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel
mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila
ambeh sadu, weruh wekasing dumados.
27
Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah
agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam
sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang
Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang
Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing
gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi
wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh

Serat Wedhatama pupuh Pucung


P U C U N G
01
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangkese dur angkara.
02
Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.
03
Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi marto tama.
04
Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih,
sihing Sukma ngreda sahardi gengira.
05
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha
mundhi dhiri lapel makna.
06
Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhakpendhak
angendhak gunaning janma.
07
Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa
ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kanakene
kaanane nora beda.
09
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya
kang wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna
kang ginilut triprakara.
11
Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa
nalangsa srahing Batara.
12
Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora
kaya si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya
buta-buteng betah nganiaya.
14
Sakeh luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala
ardane ginawe gada.
15
Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh
nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

Serat Wedhatama pupuh Sinom


S I N O M
01
Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi
ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala
kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana
pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman,
neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan
segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh
nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben
sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta,
supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu
budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing
Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe
umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora
mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah,
wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru
anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir
kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita,
rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan
wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta,
tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati
aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok
tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman,
angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah
amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den
lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.