G
A M B U H
01
Samengko
ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa,
kaki,
ing
kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah
raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang
wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni
durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken
anggit,
mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik kaya
santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir,
ewon
wong kang padha
nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa
weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang
mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman
rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku
batin, dadi ora
gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire sarengat
iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun,
nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong seger badanipun,
otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah
antenging ati,
antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono
mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi,
sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta
paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh
utami, sing
sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko sembah
kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing
kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine tanpa
banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten
atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring jatining
pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung, wenganing alam
kinaot.
14
Yen wus kambah
kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,
Ilanging rasa
tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare ngunggar
kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit
nora dadi,
Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko kang
tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari,
arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti luwih
prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas
Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine
ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad
cilik, Den
kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme mawa
limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine
yen tan emut,
sayekti tan bisa awor.
20
Pamete saka
luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung
pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging aywa
salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat
narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku wenganing
kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku
neng sireki,
nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko ingsun
tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing
dumadi, dadine
wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun durung
lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk, kalamun wus
pada melok.
25
Meloke ujar
iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel
mring takdir,
iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring ujar
iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila
ambeh sadu,
weruh wekasing dumados.
27
Sabarang
tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing
laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya wruh iya
dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah
agaib,
sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning urip
iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam
sakalir, lir
manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi manis endi
madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang
Maha Suci,
kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing batin tan
keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang
Widi,
widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira mrih
tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing
gaib, paranta
lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih lan
kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru
wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan
metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang
tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana yen
kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi
wong
ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh