Jumat, 09 Januari 2015

Geguritan "Pahlawanku" dening R. Tantiningsih

Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
 
 
 
Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
 
Sumber : http://nurulhedayat.blogspot.com/2013/02/contoh-geguritan-bahasa-jawa.html

2 komentar: