Panulis Artikel manéka werna kriteriané, yaiku :
- Panulis Artikel Buku
- Panulis Artikel pawarta
- Penulis Artikel Marketing
- Penulis Artikel Online
- Panulis Artikel Narasi
- Panulis Artikel Naskah
Jinis-jinise Artikel :
1) Artikel eksploratif, artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel eksplanatif, artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca.
3) Artikel dhèskriptif, artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké babagan kang ditulis.
4) Artikel prèdhiktif, artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn miturut pètungan panulis.
5) Artikel preskriptif, artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.
6) Artikel naratif, kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.
7) Artikel eksposisi, artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8) Artikel argumentasi, artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki, pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9) Artikel persuasi, artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake sawijining pakaryan
Rupa-Rupa Artikel :
1. Artikel praktis
Artikel praktis kaya pituduh-pituduh cara nggawe, dandani, lan migunakake piranti. Artikel praktis luwih nekanake keterampilan tinimbang pangaweruhan utawa analisis kanggo masalah. panulisane luwih cocok nggunakake bentuk karangan narasi. artine, pesen disusun padha karo urutan wayah, kadadean, lan utawa tahapan-tahapan
2. Artikel entheng
Artikel entheng biyasane ngrembug masalah-masalah sing entheng ora mbutuhake pamahaman jero. Artikel mangkene ana ing jero rubrik-rubrik kalawarti remaja utawa ariwarti. Artikel entheng biyasa arupa wara-wara utawa lelipur. Macane uga ora mbutuhake gatekan lan konsentrasi kebak. Jenis artikel iki biyasane ana neng panggon umum kaya rumah sakit utawa stasiun
3. Artikel Opini
Ana ing satemene, kabeh artikel iku opini, ananging artikel sing siji iki dipanggonke ana ing jerone ariwarti utawa kalawarti dipanggonake khusus opini kayata; karikatur, pojok, kolom, lan layang pamaca. Artikel opini biyasane ngoceki kanthi tuntas ngenani- masalah kanthi cara akademis. Mula saka iku, panulise kudu wong-wong sing bener-bener ahli ana ing bidhange. Conto artikel Opini yaiku guru ing jero pamulangan.
Link : http://setohandoko.blogspot.com/2014/09/artikel.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar