MICARA (GUNEMAN)
Kompetensi Dasar : Mraktekaken drama cekak lan peranganipun drama ingkang trep kaliyan lare
Indikator:
1. Ngucapaken pacelathon ngantos jelas lan lancar
2. Nyimpulaken watak tokoh
3. Mraktekaken tokoh trep kaliyan watakipun
Tuladha :
Nalika bocah lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.
Adi :’’He, karepe piye iki? kelas wis disapu ko diregeti maneh?’’
Ani :’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’
Adi :’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing
ngregeti.’’
Ani :’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis
bar!’’
Adi :’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa
sing didukani?’’
(Dumadaken Bu Guru rawuh)
Bu Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’
Ani :’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih.
Kamangka Adi piketipun.’’
Bu Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang
regedan ing papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing
piket.Nah, saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan
banjur age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing
papanne.’’
Adi :’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’
Bu guru:’’Ya wis, saiki diterusake pelajarane.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.
MAOS
Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham
Indikator:
1. Mangsuli pitakonan wacan
2. Nyimpulaken surasa wacan
3. Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :
Antasena Takon Bapak
Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.
‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.
‘’Sakpunika Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.
‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu enggal mrana.’’
Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.
Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.
Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.
Katrangan tembung:
Mikul : nyekel (menangkap) Sungapan : muara
Tumbal : kurban Ngrabasa : nyerang
Keplepeg : ora bisa ambekan
Ngangseg : ndheseg,nggesuk (mendesak)https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/
Link :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar