Minggu, 11 Januari 2015

Materi Kelas 5 SD : APRESIASI SASTRA

APRESIASI SASTRA
Kompetensi dasar   : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,

naskah drama, lan geguritan

Indikator                     :

Nyariosaken watak tokoh
Nindakaken tokoh
Nyariosaken malih surasaning wacan
Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan
Tuladha :



Arjuna wiwaha


Prabu Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu nglamar Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa kalah. Gapura kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca kandheg ing sakjabaning gapura kahyangan.

Amarga ora bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju marang Raden Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan widadari 7 cacahe supaya nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari mau banjur bali menyang kahyangan saperlu atur pelaporan.

Bathara Guru banjur  tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila diweruhi Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi celeng lan gawe kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau ndadekake pasulayan antarane Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen celeng mau sing mateni nganggo panahe. Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur nyembah. Ing kono Bathara guru paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan Arjuna kaparingan panah Pasopati.

Budhale Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang kahyangan lan kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.

Nyekar Jawi

Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula, asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.
Tuladha :

POCUNG


6          6          5          3          i           i           i           2          6          6

Ba-      pak      pu       cung   la-        ir-         e          ti-         ni-       tah

5          3                      i           2          6          3          2          1

bi-        su                    la         mun    ri-         na       ket-      an

1          2          1          3          .           2          1          2          1          6

Pi-       nar-     su-      di                     den     te-            men-           i

6          1          2          3          2          2          1          6          3          5

Mung  sa-       ra-       na       pi-        nan-    dang   wruh   ba-      sa-

2          3

Ni-       ra

Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan sapanunggalane saged dipunpilih.
Tuladha :

TEKATE

Tekate dipanah

Dipanah ngisor gelagah

Ana manuk onde-onde

Mbok sir bombo

Mbok sir kate

Mbok si…r bombo…

Mbok si…r ka….te…
Link : https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar