Minggu, 11 Januari 2015

Sekar pangkur kang winarna,

Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri.
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora kari. 
Miwah ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe lan kang cilik, papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku aja lali. 
Kalamun ana manusa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi. 
Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan dadi panengeran ingkang, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang sugih lan kang melarat, tanapi manusa singgih. 
Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bebotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitike manusa wateke wewatekipun, apa dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.
Tinitik ing solah muna, lawan muni ing laku lawan linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujanma, datan kongsi mindho gaweni.
Masa mengko mapan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren dahwen pinasten kumingsun, opene nora prasaja, jail mutakil bakiwit.
Alaning liyan den andhar, ing becike liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong mangkono wateknya, nora kena denpedhaki.
Iku wong durjana murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, nadyan wusa katekan, karepane nora mari saya banjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tut wuri.
Ing sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun linggih, sungkan asor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane dhewekipun, nora nana kang memadha, angrasa luhur pribadi.
Aja nedya katempelan, ing wewatek kang tan panates ing budhi, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manusa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri.
Aja lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur gumuling, ambubut arit puniku, watek datan raharja, pan wong lunyu nora pantes dipunenut, monyar-manyir tan anteban, dela lemeran puniku.
Para penginan tegesnya, genjah iku cak-cekan barang kardi, angrong pasanak liripun, remen ulah miruda, mring rabine sadulur miwah ing batur, mring sanak myang prasanakan, sok senenga den ramuhi.
Nyumur guling linira, ambeladhah nora duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wewadine den umbar, mbuntut arit punika pracekanipun, ambener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri.
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung amrih oleh pribadi, iku labuhan patut, aja na nedya nulad, ing wateking nenem prakara punika, sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar