TEGESE WAWANREMBUG
↔ Pewawancara : Wong sing nganakake wawancara
↔ Narasumber : # paraga sing dianggep
mangerteni sakabehe informasi paraga
sing ditakoni lan mangsuli kabeh pitakon kang diajokake. responden(informan).
TUJUAN.
↔ Golek warta (informasi), katrangan, utawa panemu (pendapat).
BAB-BAB
SING KUDU DIGATEKAKE SADURUNGE NINDHAKAKE WAWANCARA
1. Nemtokake tujuan.
2.Nemtokake narasumber sing
mangerteni/mumpuni.
3. Nyiapake materi (bahan) kanggo
wawancara arupa dhaftar pitakonan sing ditujokake marang narasumber
4. Nemtokake panggonan lan wektu kanthi
semayanan luwih dhisik karo wong sing diajak wawancara.
5.Nindhakake wawancara kanthi nggunakake
dhaftar pitakonan sing disiapake.
6. Nyatet/ngrekam katrangan kang
wigati/teliti saka narasumber
7. Nggunakake unggah-ungguh basa sing
trep marang wong sing diajak wawancara.
8. Nyusun asil kegiatan wawancara wujud
palapuran/laporan
JINIS-JINISING
WAWANREMBUG :
a. Wawancara
bebas/mardika
↔ wawancara
sing katindakake dening pewawancara sing ora ditata dhisik pitakon-pitakon lan
sing dadi bakuning pirembugan gumantung kaanan/swasananing wawancara.
b. Wawancara
terpimpin/kapimpin
↔ wawancara sing
katindakake kanthi wis nyepakake pitakon-pitakon kang bakal ditakokake.
c. Wawancara
individual/mandiri
↔ wawancara sing
katindakake dening sawijining pewawancara marang sawijining
responden (informan).
d. Wawancara
kelompok
↔ wawancara sing
katindakake marang sekelompok responden kanthi
bebarengan.
e. Wawancara
tertutup/tinutup
↔ wawancara sing
katindakake marang responden adhedhasar pitakon kang winates wangsulane.
f. Wawancara
konferensi
↔ wawancara sing
katindakake dening sawijining pewawancara marang pirang-pirang responden
wawancara sing katindakake dening pirang-pirang pewawancara marang
sawijining responden.
g. Wawancara
terbuka/binuka
↔ wawancara sing
katindakake marang responden kanthi dhasar pitakon kang ora winates.
TULADHANE LAPURAN WAWACARA
LAPURAN WAWANREMBUG
1. Wektu
wawanrembug :
......................................................
2. Panggonan Wawanrembug :
......................................................
3. Bab
Wawanrembug :
......................................................
4. Asil
Wawanrembug :
......................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
Pelapor :
......................
Nama
Kelompok : .....................
Anggota
Kelompok : (1) ................
(2)
...............
(3)
...............
(4)
...............
(5)
...............
|
TULADHA WAWANCARA:
TEMA :
Lingkungan Industri
Irah-irahan :
Perajin Keramik Melikan
Narasumber : Bapak Suyadi
Tujuan :
- Ngerteni
ana ing ngendi perajin keramik melikan.
- Ngerteni
pihak ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan
- Ngerteni
program apa kang menehi bantuan
Cathethan Pitakonan :
1. Pitakonan
Utama :
- Perajin
keramik Melikan iku ana ing Kabupaten ngedi?
- Pihak
ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan?
- Program
apa kang menehi bantuan marang perajin keramik Melikan?
2. Pitakonan
Tambahan :
- Piro
cacahing anggota perajin keramik Melikan iku?
- Sapa
perajin kang ngakoni yen reribet dirasakake perkara modal?
- Kepriye
peralatan kang digunakake para perajin keramik Melikan?
- Perajin
antuk bantuan kang awujud apa wae?