Minggu, 11 Januari 2015

WAWAN REMBUG

TEGESE WAWANREMBUG
yaiku Kegiatan tanya jawab/dialog antarane pewawancara lan narasumber. 
↔ Pewawancara : Wong sing nganakake wawancara
↔ Narasumber :  #  paraga sing dianggep mangerteni sakabehe  informasi paraga sing ditakoni lan mangsuli kabeh pitakon kang diajokake. responden(informan).
TUJUAN.
 Golek warta (informasi), katrangan, utawa panemu (pendapat).

BAB-BAB SING KUDU DIGATEKAKE SADURUNGE NINDHAKAKE WAWANCARA
1. Nemtokake tujuan.
2.Nemtokake narasumber sing mangerteni/mumpuni.
3. Nyiapake materi (bahan) kanggo wawancara arupa dhaftar pitakonan sing ditujokake marang narasumber
4. Nemtokake panggonan lan wektu kanthi semayanan luwih dhisik karo wong sing diajak wawancara.
5.Nindhakake wawancara kanthi nggunakake dhaftar pitakonan sing disiapake.
6. Nyatet/ngrekam katrangan kang wigati/teliti saka narasumber
7. Nggunakake unggah-ungguh basa sing trep marang wong sing diajak wawancara.
8. Nyusun asil kegiatan wawancara wujud palapuran/laporan

JINIS-JINISING WAWANREMBUG :
a.   Wawancara bebas/mardika
               wawancara sing katindakake dening pewawancara sing ora ditata dhisik pitakon-pitakon lan sing dadi bakuning pirembugan gumantung kaanan/swasananing wawancara.
b.   Wawancara terpimpin/kapimpin
             ↔ wawancara sing katindakake kanthi wis nyepakake pitakon-pitakon kang bakal ditakokake.
c.   Wawancara individual/mandiri
                ↔ wawancara sing katindakake dening sawijining pewawancara marang sawijining  
   responden (informan).
d.   Wawancara kelompok
                ↔  wawancara sing katindakake marang sekelompok responden kanthi
   bebarengan.
e.   Wawancara tertutup/tinutup
             ↔ wawancara sing katindakake marang responden adhedhasar pitakon kang winates wangsulane.

f.    Wawancara konferensi
             ↔ wawancara sing katindakake dening sawijining pewawancara marang pirang-pirang responden
 wawancara sing katindakake dening pirang-pirang pewawancara marang sawijining responden.
g.    Wawancara terbuka/binuka
             ↔  wawancara sing katindakake marang responden kanthi dhasar pitakon kang ora winates.






TULADHANE  LAPURAN WAWACARA


LAPURAN WAWANREMBUG

1.       Wektu wawanrembug         : ......................................................
2.       Panggonan Wawanrembug : ......................................................
3.       Bab Wawanrembug            : ......................................................
4.       Asil Wawanrembug            : ......................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
....................................................................................................
                                             Pelapor                   : ......................
                                             Nama Kelompok    : .....................
                                            Anggota Kelompok : (1) ................
                                                                               (2) ...............
                                                                               (3) ...............
                                                                               (4) ...............
                                                                               (5) ...............

TULADHA  WAWANCARA:
TEMA                    : Lingkungan Industri
Irah-irahan          : Perajin Keramik Melikan
Narasumber       : Bapak Suyadi
Tujuan                  :
 -    Ngerteni ana ing ngendi perajin keramik melikan.
-          Ngerteni pihak ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan
-          Ngerteni program apa kang menehi bantuan

Cathethan Pitakonan :
1.       Pitakonan Utama :
-          Perajin keramik Melikan iku ana ing Kabupaten ngedi?
-          Pihak ngendi wae kang amrih bisa aweh dalan bab pemodhalan?
-          Program apa kang menehi bantuan marang perajin keramik Melikan?

2.       Pitakonan Tambahan :
-          Piro cacahing anggota perajin keramik Melikan iku?
-          Sapa perajin kang ngakoni yen reribet dirasakake perkara modal?
-          Kepriye peralatan kang digunakake para perajin keramik Melikan?

-          Perajin antuk bantuan kang awujud apa wae?

Artikel

Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane. Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Panulis Artikel yaiku pawongan kang nindakaké pakaryan ngarang sawijining tulisan, nggabungaké sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepénak diwaca, saéngga nggawé wong kang maca ngrasakaké lan mangertèni apa kang sadurungé durung dimangertèni.
Panulis Artikel manéka werna kriteriané, yaiku :

  • Panulis Artikel Buku
  • Panulis Artikel pawarta
  • Penulis Artikel Marketing
  • Penulis Artikel Online
  • Panulis Artikel Narasi
  • Panulis Artikel Naskah
Jinis-jinise Artikel :

1)    Artikel eksploratif, artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2)   Artikel eksplanatif, artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca.
3)   Artikel dhèskriptif, artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké babagan kang ditulis.
4)  Artikel prèdhiktif, artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn miturut pètungan panulis.
5)   Artikel preskriptif, artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.
6)    Artikel naratif, kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.
7)   Artikel eksposisi, artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8)  Artikel argumentasi, artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki, pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9)  Artikel persuasi, artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake sawijining pakaryan

Rupa-Rupa Artikel :
1.   Artikel praktis
          Artikel praktis kaya pituduh-pituduh cara nggawe, dandani, lan migunakake piranti. Artikel praktis luwih nekanake keterampilan tinimbang  pangaweruhan utawa analisis kanggo masalah. panulisane luwih cocok nggunakake bentuk karangan narasi. artine, pesen disusun padha karo urutan wayah, kadadean, lan utawa tahapan-tahapan
2.   Artikel entheng
      Artikel entheng biyasane ngrembug masalah-masalah sing entheng ora mbutuhake pamahaman jero. Artikel mangkene ana ing jero rubrik-rubrik kalawarti remaja utawa ariwarti. Artikel entheng biyasa arupa wara-wara utawa lelipur. Macane uga ora mbutuhake gatekan lan konsentrasi kebak. Jenis artikel iki biyasane ana neng panggon umum kaya rumah sakit utawa stasiun
3.   Artikel Opini
Ana ing satemene, kabeh artikel iku opini, ananging artikel sing siji iki dipanggonke ana ing jerone ariwarti utawa kalawarti dipanggonake khusus opini kayata; karikatur, pojok, kolom, lan layang pamaca. Artikel opini biyasane ngoceki kanthi tuntas ngenani- masalah kanthi cara akademis. Mula saka iku, panulise kudu wong-wong sing bener-bener ahli ana ing bidhange. Conto artikel Opini yaiku guru ing jero pamulangan.
Link : http://setohandoko.blogspot.com/2014/09/artikel.html

Materi Kelas 5 SD : MICARA (GUNEMAN)

MICARA (GUNEMAN)
Kompetensi Dasar : Mraktekaken drama cekak lan peranganipun drama ingkang trep kaliyan lare

Indikator:

1.        Ngucapaken pacelathon ngantos  jelas lan lancar
2.        Nyimpulaken watak tokoh
3.        Mraktekaken tokoh trep kaliyan watakipun
Tuladha :

Nalika bocah lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.

Adi      :’’He, karepe piye iki? kelas wis  disapu ko diregeti maneh?’’

Ani      :’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’

Adi      :’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing

ngregeti.’’

Ani      :’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis

bar!’’

Adi      :’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa

sing didukani?’’

(Dumadaken  Bu Guru rawuh)

Bu Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’

Ani      :’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih.

Kamangka Adi piketipun.’’

Bu Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang

regedan ing papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing

piket.Nah, saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan

banjur age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing

papanne.’’

Adi      :’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’

Bu guru:’’Ya wis, saiki diterusake pelajarane.’’

Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

MAOS
Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham

Indikator:

1.        Mangsuli pitakonan wacan
2.        Nyimpulaken surasa wacan
3.        Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :

Antasena Takon Bapak


Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.

‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.

‘’Sakpunika  Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.

‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu enggal mrana.’’

Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.

Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.

Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.

Katrangan tembung:

Mikul              : nyekel (menangkap)         Sungapan     : muara

Tumbal          : kurban                                 Ngrabasa       : nyerang

Keplepeg       : ora bisa ambekan

Ngangseg     : ndheseg,nggesuk (mendesak)https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/
Link : 

Materi Kelas 5 SD : Maos

MAOS
Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham

Indikator:

1.        Mangsuli pitakonan wacan
2.        Nyimpulaken surasa wacan
3.        Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :

Antasena Takon Bapak


Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.

‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.

‘’Sakpunika  Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.

‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu enggal mrana.’’

Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.

Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.

Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.

Katrangan tembung:

Mikul              : nyekel (menangkap)         Sungapan     : muara

Tumbal          : kurban                                 Ngrabasa       : nyerang

Keplepeg       : ora bisa ambekan

Ngangseg     : ndheseg,nggesuk (mendesak)

NYEMAK
Kompetensi Dasar: mirengaken pesen langsung utawi ngagem telepon

Indikator:

Nyatet isi pokok pesenipun
Ngaturaken pesen ingkang dipuntampi kanthi langsung kaliyan mboten langsung ngagem basanipun piyambak
Tuladha :

Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!

Pak Rudi       : ’’Halo!sugeng enjang.’’

Edi                  : ’’Sugeng enjang’’

Pak Rudi       : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’

Edi                  : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’

Pak rudi         : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’

Edi                  : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa

pak?’’

Pak Rudi       : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen

tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng

Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan

penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’

Edi                  : ’’Senen nggih pak?’’

Pak Rudi       : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun

Mas.’’

Edi                  : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’

Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.
Link : https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/

Materi Kelas 5 SD : APRESIASI SASTRA

APRESIASI SASTRA
Kompetensi dasar   : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,

naskah drama, lan geguritan

Indikator                     :

Nyariosaken watak tokoh
Nindakaken tokoh
Nyariosaken malih surasaning wacan
Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan
Tuladha :



Arjuna wiwaha


Prabu Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu nglamar Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa kalah. Gapura kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca kandheg ing sakjabaning gapura kahyangan.

Amarga ora bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju marang Raden Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan widadari 7 cacahe supaya nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari mau banjur bali menyang kahyangan saperlu atur pelaporan.

Bathara Guru banjur  tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila diweruhi Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi celeng lan gawe kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau ndadekake pasulayan antarane Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen celeng mau sing mateni nganggo panahe. Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur nyembah. Ing kono Bathara guru paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan Arjuna kaparingan panah Pasopati.

Budhale Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang kahyangan lan kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.

Nyekar Jawi

Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula, asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.
Tuladha :

POCUNG


6          6          5          3          i           i           i           2          6          6

Ba-      pak      pu       cung   la-        ir-         e          ti-         ni-       tah

5          3                      i           2          6          3          2          1

bi-        su                    la         mun    ri-         na       ket-      an

1          2          1          3          .           2          1          2          1          6

Pi-       nar-     su-      di                     den     te-            men-           i

6          1          2          3          2          2          1          6          3          5

Mung  sa-       ra-       na       pi-        nan-    dang   wruh   ba-      sa-

2          3

Ni-       ra

Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan sapanunggalane saged dipunpilih.
Tuladha :

TEKATE

Tekate dipanah

Dipanah ngisor gelagah

Ana manuk onde-onde

Mbok sir bombo

Mbok sir kate

Mbok si…r bombo…

Mbok si…r ka….te…
Link : https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/

Materi Kelas 5 SD : Bab Nyerat

NYERAT

Kompetensi Dasar : Nyetrat kanthi leres

Indikator:

Njangkepi karangan kang during rampung
Nyusun cengkorongan karangan kang sampun wonten ing ragam tulis
Nyerat aksara lan angka jawi kanthi leres
Tuladha :

Karangan sing during rampung iki rampungna !

Kanugrahaning Gusti sing paling gedhe yaiku…(1) Kanggo mujudake awak kang sehat bisa kanthi cara njaga…(2) Karesikan iku bisa karesikaning (3)…(4)…,(5)…

Yen kahanan kaya mengkono iku wis…(6) ora aneh yen kabeh…(7) bisa ngrajakake urip kang…(8) Mula ayo padha ningkatake anggone njaga…(9) supaya…(10)

Gawekna karangan kanthi cengkorongan ing ngisor iki !

Pak Sumina susah. Kaluwargane pak Sumina lagi padha susah. Susahe  ora amarga ora bisa mangan.Nanging susahe amargi putrane ingkang aran Bayu lara wis pirang-pirang dhina. Dipriksakke menyang dhokter jebul lara sing angel ditambani. Pak Sumina saben dhina menggalih piye carane olehe tamba, mangka dhuwit ora ana.

Aksara lan Angka Jawa

a)    Aksara jawa

Ha                   Na                  Ca                  Ra                  Ka

Da                   Ta                    Sa                  Wa                  La

Pa                  Dha               Ja                   Ya                  Nya

Ma                  Ga                  Ba                  Tha                Nga

Aksara jawi wonten nginggil dipunwastani aksara legana utawi aksara wudha during ngagem sandhangan utawi pasangan.

Tuladha : Padha Jaya =

Sandhangan:

1.        Swara ‘’i’’ aranipun wulu (     )
2.        Swara ‘’e’’ aranipun taling (     )
3.        Swara ‘’O’’ aranipun talingtarung (     )
4.        Swara ‘’U’’ aranipun suku (     )
5.        Swara ’’e’’ aranipun pepet (     )
Ingkang mboten pareng dipunpepet inggih punika aksara ‘’ra’’ lan ‘’la’’ amargi : ‘’ra’’ digantos ‘’pa ceret’’ : lan ‘’la’’digantos ‘’nga lelet’’ :

Tuladha :

Sapi =                                    Coro =

Sate =                                    Bubu =

Peso =

Sandangan panyigeg utawi paten :

1.        Layar (     ) munine ‘’r’’
2.        Wignyan (     ) munine ‘’h’’
3.        Cecak (     ) munine ‘’ng’’
4.        Pangkon (     ) inggih punika sandhangan kanggo mateni aksara jawa nanging naming wonten pungkasan ukara utawi tembung.
Tuladha :

Pasar =                                               Gawang =

Sawah =                                             Manuk =

b)    Angka Jawa

1 =                               6 =

2 =                               7 =

3 =                               8 =

4 =                               9 =

5 =                               0 =

Tuladha :

12 =                                                                 2007 =

356 =                                                              8945 =
Link : https://joko1234.wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/

Paramasastra

Paramasastra
Ukara sambawa yaiku ukara kang nduweni teges sanajan, upama, pangarep-arep, pangajab (muga-muga), mokal ing bab kelakone prasawa. Ukara sambawa lumrahe migunakake tembung kriya kang oleh panambang –a, -ana, utawa –na.
Tegese ukara sambawa :
a.     Duwe teges sanadyan
Tuladha     : Abota kaya ngapa, aku ora bakal sambat.
Tegese        : Sanadyan abot.
b.    Duwe teges umpama
Tuladha     : sugiha kaya ngapa yen ora mudeng dono driyah prasasat ora guna.
Tegese        : Umpama duwe
c.     Duwe teges pangarep-arep
Tuladha     : kowe mengko mrenea ya, aku kangen,
Tegese        : Pangarep-arep
d.    Duwe teges pangajab
Tuladha     : dak rewangi sinau mempeng, lulusa ya kanthi biji kang apik.
Tegese        : pangajab
e.     Duwe teges mokal
Tuladha     : kowe maneh ijen rampunga, wong sing wong telu wae ora rampung.
Tegese        : mokal (aneh yen mangkat)
Ukara yaiku kumpulane tembung kang duwe teges, karangke manut pranatan basa (parama sastra) sing gumathok.
Wernane ukara ana telu, yaiku :
š Ukara lamba (ganep), yaiku ukara lamba nduweni jejer, wasesa, sing ganep.
Tuladhane :
v Jejer + wasesa (SP)
Agus nyapu
v Jejer + wasesa (SP) + lesan (SPO)
Agus nyapu latar
v Jejer + wasesa + katrangan (SPOK)
Agus nyapu latar pendapa.
š Ukara elip, yaiku ukara sing ora ganep, amarga mung nduweni jejer bae utawa wasesa, ora duwe jejer lan wasesa pisan.
Tuladhane :
v Lanjar irunge bangir                          - jejer + katrangan
v Wanita ireng manis                           - jejer
v Mangan cenggereng laron                 - wasesa
v Lerena!                                               - wasesa
š Ukara rangkep (kalimat majemuk)
Ukara rangkep uga diarani ukara rowa kang tegese ukara kang nduweni jejer lan wasesa rangkep loro, kayata :
v Jejer + wasesa + jejer + wasesa + lesan + katrangan
v Jejer + wasesa + lesan + jejer + katrangan
v Jejer + wasesa + lesan + wasesa + katrangan
Dadi ukara rangkep iku ukara sing jejer loro wasesane loro utawa jejer loro utawa jejer loro wasesane siji.
Ukara rangkep kabagi ana telu, yaiku :
ü Ukara rangkep sadrajat
Ndandung lagi ngaji, Alwi maca.
ü Ukara rangkep raketan
Mbak Yu nggarap pakaryan omah lan adhi dolanan nekeran.
ü Ukara rangkep tundha (tingkatan)
Tangga teparo padha rawuh nalika Lanjar dadi manten.
Link : http://materibasajawasma.blogspot.com/2013/12/paramasastra.html