Sabtu, 29 November 2014

Luh

Mripat iki mili banyu bening saka sumber ing ndhuwur langit
kang ndlewer tumiba ing bumi sing sangsaya garing,
Ngenes yen ngrumangsani tingkah bejat nyepetake umob swasana
srengenge rasane wis sakpecak ing ndhuwur mbun-mbunan

Luh iki kaya-kaya banyun sing pungkasan,
amarga banyu wis angel tinemune,
asat ing tlaga, asat ing rawa, asat ing ati-ati sing budheg,
sikil kadya tanpa tlapak, amarga wis mletehek daging tumekane kuku.

Luh isih mili saka tlaga cedhak alas jroning netra
wit-wit ijo royo-royo mung ana jroning angen-angen,
tangan-tangan gedhe ngrudapeksa mbubuti alas sakoyot-koyote,
ora wedi jegoge ajag lan baunge macan.

Bengoke ceguk lan enguk wis ganti mbekure untu wesi,
untu kang mangan jati, johar, saksuket-sukete,
ajag alas mlayu mbuh arep tekan endi,
asu gedhe-gedhe teka saka kutha saba ing alas-alas.

Luh iki mung luh bocah cilik,
ora kumawa miyak sanubari menungsa kang ati asu,
ndableg budheg, luwih nggragas timbange luwak
Dhuh Gusti....

Agus Junaedi
(Panjebar Semangat, No. 47 - 22 Nopember 2014)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar