Minggu, 30 November 2014

Paweling Biyung


Ngger anakku...
Usapana tangismu
kuatana tekadmu
Lungamu, dudu lunga kang bakal ninggalake aku
Lungamu kang arep golek ilmu
Merga tak lilakna lungamu

Ngger...
Enthengana lakumu kanthi pandonga
Aja nganti lali marang sing kuwasa

Ngger...
Dudu bandha kang bisa tak wenenhake
Ananging, pandongaku kang bisa tak sangokake
Dadya bocah sing pinter, ngger
Aja nganti kagawa dening endahing donya
Kuwi namun sauntara
Muga-muga kowe dadi wong begja
Dadi wong kang duwe guna kanggo bangsa
Muga-muga uripmu tansah kaparingan kamulyan
Uripmu ora nelangsa
Ananging, tetep elinga marang sing kuwasa
Lan mbekti marang wong tua
Elinga pawelingku, ngger...

Sabtu, 29 November 2014

Luh

Mripat iki mili banyu bening saka sumber ing ndhuwur langit
kang ndlewer tumiba ing bumi sing sangsaya garing,
Ngenes yen ngrumangsani tingkah bejat nyepetake umob swasana
srengenge rasane wis sakpecak ing ndhuwur mbun-mbunan

Luh iki kaya-kaya banyun sing pungkasan,
amarga banyu wis angel tinemune,
asat ing tlaga, asat ing rawa, asat ing ati-ati sing budheg,
sikil kadya tanpa tlapak, amarga wis mletehek daging tumekane kuku.

Luh isih mili saka tlaga cedhak alas jroning netra
wit-wit ijo royo-royo mung ana jroning angen-angen,
tangan-tangan gedhe ngrudapeksa mbubuti alas sakoyot-koyote,
ora wedi jegoge ajag lan baunge macan.

Bengoke ceguk lan enguk wis ganti mbekure untu wesi,
untu kang mangan jati, johar, saksuket-sukete,
ajag alas mlayu mbuh arep tekan endi,
asu gedhe-gedhe teka saka kutha saba ing alas-alas.

Luh iki mung luh bocah cilik,
ora kumawa miyak sanubari menungsa kang ati asu,
ndableg budheg, luwih nggragas timbange luwak
Dhuh Gusti....

Agus Junaedi
(Panjebar Semangat, No. 47 - 22 Nopember 2014)

Jumat, 28 November 2014

Rembulan

Rembulan ing dhadha langit kae
rambute nglawer tekan dhadhaku
apa sliramu ngerti rembulan liyane
si tangan alus sing banget wasis ngracik jamu?

anggur, kencur, apadene bratawali
pupur, gincu, lan esem panjiret ati
apa kudu dituku ing lokalisasi
dipondhong cara putri dililing kaya bayi
kang mangka prauku isih sendhen ing dermagamu, sri?
upama kudhu digadhe pira tebusane
yen dituku pira regane
bakal dkasembadani waton dudu wujud bandha donya
rerangken lamaran ora nganggo raja brana
tumuruna tumuruna
dimen rembulan kae gelem leledhang ing taman
selagine aku isih kongang nyipta guritan

rermbulan kekalang ing njero dhadha
sunare nyipta esem sadawane mangsa

Ambal Kebumen, Juli 2002
(Jaya Baya, No. 1 - Tanggal 3 September 2000)

Layange Rama marang Shinta

Dakjaluk kangenmu
Shinta
karana sabubare brubuh alengka
para emban gupuh nambut silaning
akrama
sauntara sliramu tansah lelewa ing antarane
mega-mega

wis dakpecaki dawane pesisir
Shinta
lan terus angon menyang endi
prau ngumbara
awit layar panggah kumimbar kasentor angin
wengi
kumembenge eluh ngekesake langgam
gupitasari
dakjaluk kangenmu
Shinta
ayo kita langen ing taman ayodya


Ambal Kebumen, Juni 2002
(Panjebar Semangat, No. 39- Tanggal 28 September 2002)