Minggu, 21 Desember 2014

Serat Wedhatama pupuh Pangkur


P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa, agama ageming aji.
02
Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun
samudana, sesadoning adu manis .
04
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran
cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan
sadina dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing
maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah
iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggonanggon
agama suci.
08
Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.
09
Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
10
Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira. Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
siang ratri.
11
Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
muda sudra kaki.
12
Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
sepi hawa, awas roroning ngatunggil.
13
Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati
14
Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung,
tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane
wong anom sami.

Sabtu, 20 Desember 2014

Tanggap Wacana

Tanggap Wacana
Tanggap wacaa inggih menika salah sawijining kagiyatan micara wonten ing sangajenging tiyag kathah. Wonten ing tanggap wacana menika prelu dipun gatekaken bab tata basa, pamilihing tembung ingkang lumrah lan laras kaliyan kahanan.
a.       Bab-bab ingkang kedah dipun gatekaken wonten ing tanggap wacana inggih menika:
1.      Saged ngetrepaken babagan tatabasa lan subasita sajroning atur tanggap wara
2.      Migunakaken tembung-tembung ingkang lumrah, boten rucah.
3.      Boten nyahak dhumateng paraga sanes
4.      Ngomonge nganggo waton, ora waton ngomong
b.      Bab-bab ingkang dipun gatekaken wektu mirengaken sambutan utawi tanggap wacana
1.      Mirengaken lan nyatet ide pokok pidhato
2.      Ndamel dudutan (ringkesan)
c.       Peranganing Tanggap Wacana inggig menika:
1.      Salam pambuka
Salam pambuka menika werna-werna gumantung kaliyan situasi lan kondisi uga sinten ingkang dipun adhepi.
2.      Purwakaning atur
Inggih menika matur nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun paringi wekdalipun rawuh dhateng adicara
3.      Surasa
Inggih menika prekara ingkang badhe dipun buka
4.      Pangarep-arep
Pangarep-arep inggih menika pituduh ingkang dipunbabaraken dhumateng para rawuh
5.      Wusana
Wusana inggih menika atur panuwun sarta nyuwun agunging pangapura menawi wonten kalepatanipun lan kekirangan anggenipun micara.

Kethoprak


Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.
Pagelaran Kethoprak (solopos.com)
Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.

Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih punika kethoprak. Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud sandiwara utawi drama tradhisional ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan masyarakat ing jaman semanten.

Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang. Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah satunggalipun inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak ugi sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut budaya manca.

Serat Wulangreh pupuh Pocung


P U C U N G
01
Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling,
den apantes masa kalane micara.
02
Nadyan namung sakecap yen nora patut, prenah ing wicara, sadurunge den
kaesthi, awasane semune rewang alenggah.
03
Lawan aja sok metua wong celathu, aneng pasamuwan, ora pantes kang kawiji,
ora ana kang kasimpen ing wardaya.
04
Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen
wus melu nora kena tinututan.
05
Milanipun den prayitna wong celathu, aja sok supata, pan dadi regeding urip, yen
micara larangana ngucap tobat.
06
Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa
mangke supata ginawa dinan.
07
Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut ukaning tyas, tan ana kang angukumi,
ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.
08
Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah, anyenengi batur sisip, yen
duduka den dumeling sisipira.
09
Iku padha den teguhana den kukuh, lawan aja sira, angalap randhaning abdi,
miwah sanak kanca satunggal sapangan.
10
Gawe salah graita kang padha ngrungu, sanadyan lilaa, iya kang anduwe rabi,
sanakira ilang pitayaning mana.
11
Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur ira padha, suda pangandeling batin,
mring bandara masa kuranga parawan.
12
Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan patang prakara, ingkang dingin wong
madati, pindho botoh ping telune wong durjana.
13
Kaping pate wong budi saudagar tambah, sabarang prakara, mung mungkul suka
lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.
14
Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi,
durung marem yen durung simpen saleksan.
15
Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul, nggawa gandhen emas, anenembung
utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.
16
Wong durjana kang kaesthi siang dalu, mung wong sugih arta, kang den incih den
malingi, luwih ala-alane budi durjana.
17
Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting, ora
wurung nggegampang duweking sanak.
18
Nora etung wasiyate kaki buyut, tan nganggo den eman, barang wesi tumbak
keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.
19
Lamun menang angkuhe kaya wong agung, belaba aloma, tan anganggo ngeman
picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.
20
Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh, mring tetangganira, yen kalimpe
denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.
21
Dene yen wong madati keset tur angkuh, barang gawe sungkan, kang dadim
kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.
22
sarta nyekel bedutane den elus-elus, angedhep pangeran, leren nyered banjur
dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.
23
Lamun ana rewange wong nyeret iku, ingkang karujukan, crita cinrita pra gaib,
para rasa sastrane ingkang rinasa.
24
Sira ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu, andangi sabarang, nora nganggo
wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.
25
Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikir peteng susah ati,
suka bungah adhangan akale ndara.
26
Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem ulatira, njambut wadi saking warih,
lambe biru untu putih arang nginang
27
Tenmenipun satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya, kinira yen wedi getih,
tan angandel puniku mewani cahya.
28
Nyeret lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil,
yen agering ndalinding metu bolira.
29
Iya iku alane wong mangan apyun, uripira dadya, tontonan padhaning jalmi,
singgahana wewaler telung prakara.
30
Ana maning wewaler aja sok wuru, nora nganggo masa, endi lirira puniki, nginum
sajeg puniku watake ala.
31
Yen amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya, sabarang angrasa wani,
tinemenan wekasane dadi ala.
32
Lawan aja karem mring wanita ayu, kang ala anggepnya, lan aja mbukak wewadi,
mring ngarsaning wanita tan wurung corah.
33
Sampun lumrah ing wanita datan brukut, asimpen raharja, saking rupake ing batin,
apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.
34
Nitahaken pawestri pan kinaryeku, ganjaraning priya, kabeh padha den nastiti,
mring pitutur sayekti kudu prayitna.
35
Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen becik bakalnya, den anggowa manfaati,
aja kaya Pucung kalawan kaluwak

Serat Wulangreh pupuh Durma


D U R M A
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira
lestari.
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun
ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu
saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung
prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan
kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha
maoni.
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen
tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira elingeling,
aja sugih waonan,
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya
raharja, mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung
pratela, ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing
pangalemira, pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11
Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora
sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh
kang rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.

Serat Wulangreh pupuh Duduk Wuluh


DUDUK WULUH
01
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu
mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun purut sapakon.
02
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib
den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong.
03
Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng
Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
04
Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya aja ngabdi, angur ngidunga
karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
05
Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora nana kang ngiri, mungkul tutug
karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba lurahe nganggo.
06
Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng patrol pinggir margi,lamun nora
patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.
07
Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda
tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris,andhodhok pinggiring bango.
08
Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono
ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.
09
Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguhlungguhipun,
nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi katong.
10
Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku,
lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane pan seyos.
11
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri lawan miji, panglaweyan miwah
pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.
12
Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang amarengi, wiyosanira sang Prabu,
sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
13
Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den incih, lamun nora
yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.
14
Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus
rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing lair batos.
15
Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani karseng Gusti, wong ngawula
paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah sapakon.
16
Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok
anguring uring, Gusti nira inggih Sang Katong.
17
Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta
sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan tan kena megoh.
18
Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene kang wus pasti, tan kena owah
sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur sapakon.